Milih Pemingpin Sing Dlamakan Sikile Kandel

Milih Pemingpin Sing Dlamakan Sikile Kandel

KIEN-kienan akeh wong sing pada  keder,  puyeng, mblenger  tolih mbuh apa maning angel disebutakene. Bensin regane manek, kebutuan urip ya pasti meluan. Ditamba-tamba maning pilian bupati Cirebon.  Calon karo parte diwolak-walik, jare dewek sih luru sing bener wekel atawa sing rada pantes dadi pemingpin.  Aja maning warga sing arepan ngecus sing arep dikecuse bae puyeng. Ana sing puyeng parte sing didaptare nolak, bli milih deweke. Ana sing mlempat ning parte sejen sebabe kagok wis kepalang mbokat isin, ana sing pengene dadi calon bupati bae, bagen sora wurung lamun bli maju dadi calon bupati. Dudu kuen bae. Malah ana sing keder luru wakil, padu olih bae sebab sing diarep-arepe bli gelem.  Kayae sih ari sing kudu dadi bupati meluan wangsalan kien, “bagen dadi ndas semut tenimbang dadi buntute gajah.” Wis bae kih. Kanggo sedulur batur tulung aja meluan puyeng. Sebab jagate arep rendeng. Sing gendeng umahe bocor gagian ditambal sing duweh telar gagian siap-siap ditanduri. Sing paling gampang milih pemingpin kuh ana cara sing gampang. Bli kudu di deleng purwadaksinae apa maning ning pekayane.  Carae deleng bae dlamakan sikile sapa sing kandel. Maksude? Sapa bae wong sing dlamakane kandel ikuh wis pasti wong wekel mlaku. Jelase sih, ari wong sing dlamakane sikile kandel akeh silaturahmi lan bli isin ndondok bareng karo sapa bae. Lan sing pasti sering ngedek lemah. Duwe rerasa ndi dalan sing bicak lan dalan sing garing. Ana maning, ati-ati pisan mlakue mbokatan sikile kenang ri.  Semene dikit, mengko disambung maning. (@mohjoharudin)    

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News

Sumber: